PADOS SANESIPUN

Rabu, 08 Desember 2010

MODHUL PASINAON KASUSASTRAN

PARIKAN NUSANTARA
Lunga Jakarta numpak sepur,
Miliha sing merek Arga Brama,
Dadi manungsa kudune jujur,
Yen kepengin mlebu suwarga.

Abang-abang gendera Landa,
Ngetan sithik kuburan mayit,
Klambi abang nggo tandha mata,
Wedhak pupur nggo golek dhuwit

Iwak pindhang diwadhahi kwali,
Aja lali ditutupi nganggo koran,
Jare pamite arep lunga ngaji,
Ee, jebule malah padha pacaran.

Buta cakil mungsuhe Janaka,
Ambruk njrebabah ndhepani bumi,
Wong pokil nemahi cilaka,
Marga tansah mentingake dhiri

Ngisor galeng lenge tikus,
Tengah sawah tanduran pari,
Rupa nggantheng kaya GAYUS,
E, jebule kok doyan KORUPSI

Njajan sate pinggire kreteg,
Aja lali sega lan kupat, 
Yen wis dadi pegawe pajeg,
Aja ngorupsi dhuwite rakyat

Lunga Jakarta mudhun bandhara,
Jakarta mono kutha metropolitan,
Jare mono neng njero penjara,
Ee, lha kok bisa lunga plesiran.

Nyumet lilin ndhuwur gapura,
Katerak angin sidane mati,
Yen kepengin nglumpuke bandha,
Aja saka asile korupsi.

Ngasah arit nganti landhep,
Aja lali nganggo wungkal,
Dadi murid kudu sregep,
Mundhak dadi bocah nakal.

Klapa sawit diunggahi kethek,
Munggah ndhuwur apek krambil,
Dadi murid gawene ngepek,
Suk tuwa dadine pokil.

Bolu emprit diwadhahi kerdhus,
Njur dikirim nganggo tlaler,
Dadi murid aja gemagus,
Dimen dadi bocah pinter. 

Manuk dara menclok talang,
Digusah menclok neng pager,
Yen kowe oleh piwulang,
Aja njur ditinggal ngiler.

DONGENG SATO KEWAN ING AL QUR'AN
  •  Dhakwahe Kukila kanthi Rasa Tresna Asihe
Apa kang cinipta ing salumahing bumi sakurebing langit mujudake tandha-tandha panguwasaning Gusti Kang Akarya Jagad. Akbar Al Kurdi pawongan kang wus nate ngrasakake bukti panguwasaning Gusti Kang Akarya Jagad mau. Maune dheweke kalebu wong kang karemane tumindak maksiyat. Malah ora mung iku wae, apa kang dadi larangane Gusti Allah SWT nate diterak. Meh saben dina dheweke tumindak maksiyat. Dheweke ora nate nindakake dhawuh-dhawuhe Pangeran, apa maneh ngenut paugeraning Gusti. Kaya-kaya tansah kasilep jroning kadurakan. Tumindak Malima wus dadi panggaweyane saben dinane.

Ing sawijining dina dheweke katon ora kaya adat sabene. Dheweke katon sregep ngibadah lan ngedohi  bab-bab kang munkar, kang rikala biyene dadi pakaryane lan kasenengane. Owah-owahan ing dheweke iku bisa gawe wong-wong ing sakiwa tengene kepencut penging mangerteni apa kang njalari dheweke iku banjur malik grembyang ngalami owah-owahan mangkono iku. Ana salah sijine pawongan kang nyoba nyedhaki, saperlu takon bisane ana owah-owahan kasebut. Pitakone wong iku,"Kepriye mula bukane , kok kowe bisa ngalami owah-owahan lan tobat, banjur sregep ngibadah marang Gusti Kang Maha Kuwasa , ... kamangka biyene kowe iku kalebu wong kang ahli maksiyat marang Pangeran?"

Akbar Al Kurdi banjur nyritakake mula bukane, " Nalika iku aku lagi ana ing satengahing dalan kang sepi saperlu arep ngrampok lan mbegal bandhane wong kang kerep liwat dalan kuwi. Pas ing sapinggiring dalan ana telung wit kurma kang salah sijine lagi ora woh. Ujug-ujug ana manuk menclok ing salah sijine wit kurma kang lagi woh iku. Dakgatekake terus, pranyata manuk iku nucuk woh kurma kang isih setengah mateng, banjur  ginawa mabur tumuju menyang wit kurma kang ora woh mau. Aku meruhi manuk mau nindakake nganti ping 10. Atiku gumun meruhi kedadean kuwi. Jroning atiku kok kaya ana kang ngongkon,"Tangia lan tamatna terus apa kang ditindakake manuk iku!". Aku tansah namatake terus. Dakdeleng ing pucuking wit kurma kang ora awoh iku ana sawijining ula kang mripate wuta kabeh. Pranyata manuk mau menehi pangan marang ula kasebut mawi kurma-kurma kang mentas wae dijupuk saka wit kurma kang awoh mau.

Meruhi kedadean iku banjur kagugah alam pikiranku. Ora rinasa aku nangis sesenggukkan. Ing sela-selaning tangisku aku micara sajak mbengok,"Dhuh Gusti Sesembahan Kawula, sawer punika saestu kadhawuhaken dening Nabi Paduka supados dipunpejahi. Paduka damel mripatipun kekalih wuta, lajeng Paduka dhawuhaken sawijining peksi kangge nyekapi tetedhanipun. Kula ugi kalebet kawula Paduka. Kawaula ngrumaosi bilih Paduka Maha Tunggal. Punapa Paduka ndhawuhi kawula supados ngrampok lan ngreridhu tiyang ing margi?".

Dumadakan aku kaya nesu marang awakku dhewe. Daktugel pedhang kang dakagul-agulake sasuwene iki tansah mbelani jroning tumindak angkara. Dakdusi sirahku mawi lebu lan pambengokku,"Cilaka ...! Cilaka ...!
Jroning rasa pepes apes pangarep-arepku, aku krungu kanthi cetha swara kang dumeling,"Aku wus ngapusi kowe!". Mula dakkandhakake marang kanca-kancaku tunggal begal lan rampok, "Waspadakna kanca-kancaku!". Kanca-kancaku banjur takon,"Apa kang dumadi marang awakmu? Kandhamu wus gawe nglokrone kanca-kanca kabeh!".
Pitakone kanca-kancaku banjur dakwangsuli,"Aku wus kasilep jroning kadurakan, saiki aku lagi eling marang tumindakku kang luput iki!" 

Pangucapku rinasa bisa ndhodhog lawanging atine kanca-kancaku. Wusanane dheweke banjur tinarbuka uga, kayadene binukane lawanging tobat tumrap dheweke. Dheweke bener-bener ngrumangsani saka maneka wujud kadurakan kang nate katindakake. Dheweke padha kandha,"Pancen awakke dhewe wus adoh kejegur jroning jurang kadurakan lan kemaksiyatan. Mula saka iku, awakke dhewe nglereni tumindak kang ora apik iki lan bali maneh kanthi mertobat marang Gusti Kang Akarya Jagad!".

Bareng-bareng karo kancaku banjur padha nguncalake pralambang kadurakanku sasuwene iki. Mangkono uga karo bandha donya kang entuk-entukane saka dalan kang ora halal. Wiwit iku aku sakanca luwih milih nandhang luwe saka barang kang haram. Sasuwene telung dina aku sakanca njerit nangis mertobat marang Gusti Kang Maha Welas sajroning kaanan kang sarwa ora sadhar lan bingung.
Sawise mertobat, aku sakanca nerusake laku tumuju sawijining padesan. Ing lawanging gapura padesan aku sakanca kepethuk wanita kang lungguh ing lawanging gapura kasebut. Wanita iku banjur nakoni marang aku sakanca,"Apa ana ing antarane kowe kabeh kang jenenge Akbar Al Kurdi?".
Salah sijine saka kancaku mangsuli,"Ana wigati apa marang dheweke?". Wanita iku mangsuli,"Ya, aku duwe prelu karo dheweke. Jroning telung dina iki aku kepethuk Nabi Muhammad SAW jroning pangimpen, Panjenengane ngendika,"Wenehana Akbar Al Kurdi apa kang diwarisake dening anakmu!".

Mula ditepungake wanita mau karo aku. Kang dumadi banjur ora bisa kenyana-nyana. Pranyata wanita iku nglungake 60 gulung kain minangka infaqe. Saperangan kain iku dakenggo ngati tekan ngomah. Mangkono crita mula bukane aku tobat marang Allah SWT!".

Liding Crita (Hikmahe):
  1. Saben titah ing ngalam donya iki rejekine wus ditanggung dening Gusti Kang Maha Adil, kalebu rejenike ula kang wuta mau. Ula iku entuk pangan kanthi lumantar manuk.
  2. Manuk wae kang ora duwe akal duwe rasa welas asih marang titah kang tanpa daya. Mula yen ana manungsa ora duwe rasa welas asih marang sapadha-padha, ora kadudut rasa sosiale, mula drajate sangisore manuk mau.
  3. Wong kang bener-bener mertobat kanthi ngrumangsani sakabehing kaluputane lan ora bakal mbaleni maneh, mula tobate bakal katampa dening Gusti Kang Maha Asih lan penjeriting atine bakal kapireng dening Gusti Kang Maha Mireng. Nganti Kanjeng Nabi nresnani dheweke lumantar pangimpene wanita kang shalihah.
  •  Dhakwahe Kucing Nuduhake Ora Jujure Kirik
Diriwayatake saka Wahab bin Munabbih, dheweke nyritakake, Nalika Kanjeng Nabi Nuh AS wus munggah ing perahune, mula didhawuhake mlebu bareng-bareng sajodho-sajodho saka jenis sato kewan kang ana. Ora ketinggalan kirik lan kucing melu munggah ing prahune Kanjeng Nabi Nuh AS. Dening Nabi Nuh AS sakabehing sato kewan dilarang kawin supaya ora padha manak, awit yen padha duwe anak prahune bakal kebak. Senajan ana larangan saka Kanjeng Nabi, nanging si Kirik ora kuwat ngampet yen ora kawin karo pasangane. Tumindake iku diweruhi dening Kucing, mula si Kucing banjur ngadhep marang Kanjeng Nabi Nuhsaperlu nglapurake tumindake si Kirik mau.
Sabanjure si Kirik ditimbali Kanjeng Nabi Nuh bakal dielikake. Sawise iku Kirik dibebasake maneh. Nanging ora let suwe Kirik iku mbaleni tumindake maneh, lan kucing ngadhep maneh marang Nabi Nuh nglaporake tumindake si Kirik kang nindakake pacumbanan karo pasangane kang kaping pindhone.
Nabi Nuh banjur ngundang Kirik mau kanggo nuturi sarta ngelikake kesalahane. Nanging kanggo sing kaping pindhone iki si Kirik nyelaki marang tumindake kasebut.
Mirsani pambangkange si Kirik mula kucing aweh usulan marang Nabi Nuh. "Dhuh, Kanjeng Nabi minangka utusaning Allah SWT, kawula nyipati bilih piyambakipun pancen aestu-estu sampun nglampahi. Menawi Kanjeng Nabi kersa ndedonga dhateng Allah SWT, temtu Allah SWT badhe paring pratandha dhateng Kanjeng Nabi, lan Kanjeng Nabi badhe  mirsani piyambak."
Usulane si Kucing katampa, sabanjure Nabi Nuh AS banjur ndedonga marang Allah SWT. Nalika si Kirik nindakake pacumbanan sing kaping telune, barang wewadine ganjing angel kacopot saka pasangane. Mula si Kucing banjur ngadhep marang Nabi Nuh  saperlu nglaporake tumindake si Kirik. Nabi Nuh banjur rawuh menyang papan panggonane si Kirik nindakake pacumbanan., lan pranyata kahanan kalorone ganthet ora bisa ucul. Kahanan iku mau dipirsani dhewe dening Kanjeng Nabi Nuh, saengga si Kirik kewirangan amarga saka tumindake dhewe.
Si Kirik rumangsa diwirang-wirangake dening si Kucing, mula kanggo males  wirange si Kirik ndedonga marang Allah SWT. Jroning batine dheweke ndonga,"Dhuh Gusti Sesembahan kawula, mugya kawalesna wirang kula. Mugya piyambakipun Paduka wirang-wirangaken ing sangajenging titah nalika piyambakipun saweg cumbana, kados piyambakipun mirang-mirangaken kawula."
Dongane si Kirik kinabulake dening Allah SWT, saengga saben si Kucing wadon dipuncumbanani dening Kucing lanang, dheweke tansah nyuwara seru, saengga kabeh sing tumitah ing donya ngert yen ana kKucing lagi nindakake pacumbanan. Iku minangka piwalese dheweke amarga mbukak aibe si Kirik.
Mangkono uga anak putune Adam, manawa dheweke mbukak aibe saka wong-wong kang iman, mula Alla SWT bakal mbukak aibe mbesuk ing dina kiyamat.
Liding dongeng/hikmah sing bisa kapethik:
1. Perahune Nabi Nuh As iku ora mung ditumpaki dening manungsa ananging uga ditumpaki dening sato kewan. Amarga dheweke mangerteni ya mung kanthi numpak prahune Nabi Nuh bisa slamet. Sebab banjir iki dudu salumrahe  banjir, nanging adzab saka Allah SWT kang nyilepakes sakabehing manungsa kang ora iman.
2. Kewan kang ora kuwat ngampet lan ngendhaleni hawa napsu jroning wektu kang suwe yaiku Kirik. Kirik kuwi kalebu salah sijine kewan kang seneng kawin. Lan angel nyopot barang wewadine sawise cumbana, amarga dongane Kanjeng Nabi Nuh, kaya kang kacritakake ing dhuwur.
3. Kucing wadon kang nyuwara seru lan mbengok nalika cumbana amrga akibat saka kinabulake dongane si Krik. Bab iki minangka gambaran, manawa wong kang seneng mbukak aibe wong wong liya mbesuk ing dina kiyamat aibe bakal kabukak dening Allah SWT ing ngarepe kabeh makhluk kang tumitah.
                                                                                



     
 

Selasa, 30 November 2010

MEDHIA PASINAON

Medhia pasinaon wigatos sanget dipunperlokaken salebeting pasinaon basa Jawi lumantar pendhekatan komunikatif. Ingkang dipunkajengaken medhia pasinaon basa inggih punika sawenehing  alat utawi sarana supados proses KBM dados langkung gampil, narik kawigatosan, sarta nyekapi syarat efektif efisien. Miturut jinisipun media pasinaon kasebat saged arupi ; 1) media suwanten “audio” arupi suwanten guru utawi kaset, 2) medhia gambar “visual” arupi Koran, majalah, buku, poster lan sanes-sanesipun ingkang dpun-ginakaken salebeting modhel pasinaon ngarang utawi cariyos, 3) medhia suwanten lan gambar “audio visual” arupi TV, VCD ,lan sanes-sanesipun ingkang  mujudaken  manunggaling suwanten lan gambar.  Wontenipun medhia punika pasinaon basa Jawi saged ndamel remenipun lan gregetipun para siswa, saengga saged kawujudaken pasinaon ingkang inovatif, kreatif, efektif lan narik kawigatosanipun para siswa. Ing ngandhap punika tuladha-tuladha medhia pasinaon basa Jawi. Kangge para sutresna ingkang bandhe ngersakaken kula aturi ngundhuh piyambak wonten ing papan ingkang sampun kula cawisaken. Sumangga. 

KLIK UNDHUH 
  1. Audio Visual

SANGGAR GREGET SISWA

Papan punika minangka satunggaling wahana kangge sarana panggugah para siswa supados langkung greget anggenipun ngudi kawruh kabudayan Jawi, mliginipun basa lan sastra Jawi. Panggenan punika kangge nyimpen sedaya asiling karya para siswa SMA Kesatrian I Semarang. Para sutresna ingkang ngersakaken saged ngundhuh secara gratis ing ngandhap punika. Mugi-mugi, asiling karya para siswa punika saged migunani tumrap kualitas pamulangan basa lan sastra Jawi. Nuwun
KLIK UNDHUH  

    Senin, 29 November 2010

    PENDADARAN INTERAKTIF

    SOFTWARE  SOAL INTERAKTIF
    Kasagedan minangka guru ndamel maneka jinis soal adhedhasar WEB mujudaken pilihan ingkang trep kangge ndamel pasinaon dados langkung narik kawigatosan (interactive-learning). Wonten ing kalodhangan punika TIM MGMP BASA JAWI SMA KESATRIAN I SEMARANG ngetrapaken sistem pendamelan quiz lan soal-soal pendadaran interaktif adhedhasar (berbasis) IT. Quiz-quiz punika langkung interaktif lan praktis. Quiz interaktif punika kadamel mawi SOFTWARE HOT POTATOES ingkang kadamel dening Research Developement Team saking Universitas Victoria Humanities Computing and Media Center lan SOFTWARE TEST CREATOR sarta SOFTWARE BANK SOAL CREATOR ingkang kadamel dening  Edulabsoft Team kanthi maneka variasi soal kadosta :
    1. JCloze (njlentrehaken / essai)
    2. JQuiz (pilihan gandha)
    3. JCross  (prapatan / teka-teki silang)
    4. JMatch (njodhokaken)
    5. JMix (gabungan JCloze, JQuiz, JCross lan JMatch)
    6. Quiz kanthi area gambar
    7. Soal leres lan lepat ( B / S)
    Soal-soal pendadaran ingkang sampun kasusun mawi software punika saged kangge nguji sepinten kasagedanipun para siswa, awit sasampunipun nindakaken gladhen, para siswa langsung saged mangertosi bijinipun piyambak-piyambak. Tuladha soal pendadaran ingkang kasusun mawi software punika saged kaundhuh ing menu ingkang sampun kula cawisaken ing ngandhap punika secara gratis. Kanthi pengajeng-ajeng saged mbiyantu lan nggampilaken pasinaonipun para siswa.  Ing wusana, TIM MGMP BASA JAWI SMA KESATRIAN I SEMARANG ngaturaken agunging panuwun kangge sedaya pihak, mugi-mugi saged migunani kangge kemajenganipun kualitas pendhidhikan Indonesia, mliginipun basa lan kasusastran Jawi. Nuwun.
    BANK SOAL INTERAKTIF
    KLIK UNDHUH

    Jumat, 26 November 2010

    MODHUL PASINAON BASA

    WAWAN REMBUG KARO NARASUMBER

    Salah sijine cara kanggo entuk katrangan ngenani bab-bab tartamtu bisa ditindakake kanthi wawanrembug (wawancara). Wawanrembug nduweni perangan-perangan kang kudu kacakup umpamane salah sijine perangan kasebut ora ana, wawanrembug bakal ora kalakon. Wondene perangan-perangan kasebut yaiku :
    1. Sing wawan rembug utawa wong sing golek katrangan. Kalungguhane minangka wong sing  takon.
    2. Narasumber utawa informan utawa wong sing diwawanrembugi. Kalungguhane minangka sing mangsuli pitakonan-pitakonan saka sing mawanrembugi. Narasumber bisa tokoh, ahli utawa wong biasa.
    3. Tema utawa bab sing bakal diwawancarakake. Tema minangka underan, ngiras pantes       minangka wewatesane bab-bab sing ditakokake.
    4. Wayah lan panggonan.

    Wondene tata urutan menawa arep nganakake wawanrembug (wawancara) yaiku :
    1. Milih salah sijine narasumber sing pancen mumpuni utawa nduweni katrangan-katrangan     sing dibutuhake.
    2. Nemtokake ancas lan tujuwane wawanrembug.
    3. Nguwasani materi, mligine perkara-perkara wigati sing bakal ditakokake.
    4. Nyusun dhaptar pitakon sing arep digunakake kanggo wawanrembug.
    5. Nyamektakake dhiri sacara mental kanggo ngawekani anane bab-bab sing ora kaduga utawa ora dikira, kayata grogi utawa nervous.
    6. Nyamektakake piranti-piranti sing diperlokake nalika wawanrembug, kayata alat rekam utawa alat tulis.
    7. Nindakake wawanrembug mawa pathokan dhaptar pitakonan sing wis diracik.
    8. Nyatheti katrangan (informasi) penting saka narasumber.
    9.Njlentrehake utawa nggancarake katrangan-katrangan (informasi) penting saka narasumber kang awujud palapuran sarana ditulis sing rapi lan jelas.
    Sing pungkasan yaiku jumbuh karo kabudayan Jawa sing pancen
    banget-banget nengenake bab tata krama, mula nalika nindakake
    wawanrembug uga kudu digatekake kepriye ta carane ngetrepake unggah-
    ungguh kanthi becik. Tata krama nalika wawanrembug ing antarane kayata :
    1. Mesthekake luwih dhisik bisa orane narasumber diwawanrembugi.
    2. Ngaturake salam, nepungake dhiri pribadi lan ngaturake gunging panuwun dene diparingi   kalodhangan kanggo wawanrembug.
    3. Nalika wawanrembug kudu migatekake unggah-ungguh basa sing bener, pener lan becik.
    4. Ora kena nalisir (kudu fokus) saka materi wawanrembug.
    5. Nalika asung pitakonan aja nganti gawe ora karenan penggalihe (tersinggung) narasumber
    6. Ora kena asung pitakonan sing tumuju marang pitenah lan adu-adu.
    7. Ora kena mihak (objektif) lan grapyak (simpatik).
    8. Nggawe dudutan isine wawanrembug.
    9. Nyuwun idin umpama kepengin moto narasumber utawa liyane. Wonten candhakipun ....