PADOS SANESIPUN

Selasa, 30 November 2010

MEDHIA PASINAON

Medhia pasinaon wigatos sanget dipunperlokaken salebeting pasinaon basa Jawi lumantar pendhekatan komunikatif. Ingkang dipunkajengaken medhia pasinaon basa inggih punika sawenehing  alat utawi sarana supados proses KBM dados langkung gampil, narik kawigatosan, sarta nyekapi syarat efektif efisien. Miturut jinisipun media pasinaon kasebat saged arupi ; 1) media suwanten “audio” arupi suwanten guru utawi kaset, 2) medhia gambar “visual” arupi Koran, majalah, buku, poster lan sanes-sanesipun ingkang dpun-ginakaken salebeting modhel pasinaon ngarang utawi cariyos, 3) medhia suwanten lan gambar “audio visual” arupi TV, VCD ,lan sanes-sanesipun ingkang  mujudaken  manunggaling suwanten lan gambar.  Wontenipun medhia punika pasinaon basa Jawi saged ndamel remenipun lan gregetipun para siswa, saengga saged kawujudaken pasinaon ingkang inovatif, kreatif, efektif lan narik kawigatosanipun para siswa. Ing ngandhap punika tuladha-tuladha medhia pasinaon basa Jawi. Kangge para sutresna ingkang bandhe ngersakaken kula aturi ngundhuh piyambak wonten ing papan ingkang sampun kula cawisaken. Sumangga. 

KLIK UNDHUH 
  1. Audio Visual

SANGGAR GREGET SISWA

Papan punika minangka satunggaling wahana kangge sarana panggugah para siswa supados langkung greget anggenipun ngudi kawruh kabudayan Jawi, mliginipun basa lan sastra Jawi. Panggenan punika kangge nyimpen sedaya asiling karya para siswa SMA Kesatrian I Semarang. Para sutresna ingkang ngersakaken saged ngundhuh secara gratis ing ngandhap punika. Mugi-mugi, asiling karya para siswa punika saged migunani tumrap kualitas pamulangan basa lan sastra Jawi. Nuwun
KLIK UNDHUH  

    Senin, 29 November 2010

    PENDADARAN INTERAKTIF

    SOFTWARE  SOAL INTERAKTIF
    Kasagedan minangka guru ndamel maneka jinis soal adhedhasar WEB mujudaken pilihan ingkang trep kangge ndamel pasinaon dados langkung narik kawigatosan (interactive-learning). Wonten ing kalodhangan punika TIM MGMP BASA JAWI SMA KESATRIAN I SEMARANG ngetrapaken sistem pendamelan quiz lan soal-soal pendadaran interaktif adhedhasar (berbasis) IT. Quiz-quiz punika langkung interaktif lan praktis. Quiz interaktif punika kadamel mawi SOFTWARE HOT POTATOES ingkang kadamel dening Research Developement Team saking Universitas Victoria Humanities Computing and Media Center lan SOFTWARE TEST CREATOR sarta SOFTWARE BANK SOAL CREATOR ingkang kadamel dening  Edulabsoft Team kanthi maneka variasi soal kadosta :
    1. JCloze (njlentrehaken / essai)
    2. JQuiz (pilihan gandha)
    3. JCross  (prapatan / teka-teki silang)
    4. JMatch (njodhokaken)
    5. JMix (gabungan JCloze, JQuiz, JCross lan JMatch)
    6. Quiz kanthi area gambar
    7. Soal leres lan lepat ( B / S)
    Soal-soal pendadaran ingkang sampun kasusun mawi software punika saged kangge nguji sepinten kasagedanipun para siswa, awit sasampunipun nindakaken gladhen, para siswa langsung saged mangertosi bijinipun piyambak-piyambak. Tuladha soal pendadaran ingkang kasusun mawi software punika saged kaundhuh ing menu ingkang sampun kula cawisaken ing ngandhap punika secara gratis. Kanthi pengajeng-ajeng saged mbiyantu lan nggampilaken pasinaonipun para siswa.  Ing wusana, TIM MGMP BASA JAWI SMA KESATRIAN I SEMARANG ngaturaken agunging panuwun kangge sedaya pihak, mugi-mugi saged migunani kangge kemajenganipun kualitas pendhidhikan Indonesia, mliginipun basa lan kasusastran Jawi. Nuwun.
    BANK SOAL INTERAKTIF
    KLIK UNDHUH

    Jumat, 26 November 2010

    MODHUL PASINAON BASA

    WAWAN REMBUG KARO NARASUMBER

    Salah sijine cara kanggo entuk katrangan ngenani bab-bab tartamtu bisa ditindakake kanthi wawanrembug (wawancara). Wawanrembug nduweni perangan-perangan kang kudu kacakup umpamane salah sijine perangan kasebut ora ana, wawanrembug bakal ora kalakon. Wondene perangan-perangan kasebut yaiku :
    1. Sing wawan rembug utawa wong sing golek katrangan. Kalungguhane minangka wong sing  takon.
    2. Narasumber utawa informan utawa wong sing diwawanrembugi. Kalungguhane minangka sing mangsuli pitakonan-pitakonan saka sing mawanrembugi. Narasumber bisa tokoh, ahli utawa wong biasa.
    3. Tema utawa bab sing bakal diwawancarakake. Tema minangka underan, ngiras pantes       minangka wewatesane bab-bab sing ditakokake.
    4. Wayah lan panggonan.

    Wondene tata urutan menawa arep nganakake wawanrembug (wawancara) yaiku :
    1. Milih salah sijine narasumber sing pancen mumpuni utawa nduweni katrangan-katrangan     sing dibutuhake.
    2. Nemtokake ancas lan tujuwane wawanrembug.
    3. Nguwasani materi, mligine perkara-perkara wigati sing bakal ditakokake.
    4. Nyusun dhaptar pitakon sing arep digunakake kanggo wawanrembug.
    5. Nyamektakake dhiri sacara mental kanggo ngawekani anane bab-bab sing ora kaduga utawa ora dikira, kayata grogi utawa nervous.
    6. Nyamektakake piranti-piranti sing diperlokake nalika wawanrembug, kayata alat rekam utawa alat tulis.
    7. Nindakake wawanrembug mawa pathokan dhaptar pitakonan sing wis diracik.
    8. Nyatheti katrangan (informasi) penting saka narasumber.
    9.Njlentrehake utawa nggancarake katrangan-katrangan (informasi) penting saka narasumber kang awujud palapuran sarana ditulis sing rapi lan jelas.
    Sing pungkasan yaiku jumbuh karo kabudayan Jawa sing pancen
    banget-banget nengenake bab tata krama, mula nalika nindakake
    wawanrembug uga kudu digatekake kepriye ta carane ngetrepake unggah-
    ungguh kanthi becik. Tata krama nalika wawanrembug ing antarane kayata :
    1. Mesthekake luwih dhisik bisa orane narasumber diwawanrembugi.
    2. Ngaturake salam, nepungake dhiri pribadi lan ngaturake gunging panuwun dene diparingi   kalodhangan kanggo wawanrembug.
    3. Nalika wawanrembug kudu migatekake unggah-ungguh basa sing bener, pener lan becik.
    4. Ora kena nalisir (kudu fokus) saka materi wawanrembug.
    5. Nalika asung pitakonan aja nganti gawe ora karenan penggalihe (tersinggung) narasumber
    6. Ora kena asung pitakonan sing tumuju marang pitenah lan adu-adu.
    7. Ora kena mihak (objektif) lan grapyak (simpatik).
    8. Nggawe dudutan isine wawanrembug.
    9. Nyuwun idin umpama kepengin moto narasumber utawa liyane. Wonten candhakipun ....